Friday, April 16, 2010

[ac-i] GELADAK SASTRA #2 KOMUNITAS LEMBAH PRING bersama SABRANK SUPARNO

 

 

UNDANGAN

 

KOMUNITAS LEMBAH PRING  mengundang  Anda dalam agenda rutin

GELADAK SASTRA #2 : Bedah Kumpulan Cerkak BOBOK SURUH BODEH

karya SABRANK SUPARNO

 

Ahad, 18 April 2010

Pukul 9 pagi

di Mushollah Dusun Dowong Desa Ploso Kerep Kecamatan Sumbito Jombang

 

Pembahas:

Anjrah Lelono Broto (sastrawan bahasa Jawa, Jombang ) dan Ngaidi Wibowo (seniman ludruk Jombang)

 

Moderator : Koko Hari Purnomo.

 

Gratis dan terbuka untuk umum

 

Contact person:

 

1.Jabbar Abdullah, Komunitas Lembah Pring Biro Mojokerto-Jombang: 081 55 99 51 306

2.Fahrudin Nasrulloh, Komunitas Lembah Pring Biro Tandes Surabaya:081 57 81 77 671

3.Sabrank Suparno: Hp: 081-359-913-627



Sebuah Cerkak

Bobok Suruh Bodeh

 

Sabrank Suparno*

 

Emboh yok opo nalare, ora ono udan, ora ono angin, bledek koyok nyamber-nyamber ndukure omah.  Padahal titimongso ketigo. Atine Sumini koyok diremet-remet lugute galéng campur uyah. Ora koyok-koyo'o uripe. Ibarate ndunyo kate kiamat. Srengengene mudun tambah mendek nduk nduwure ndas. Wit-witan podo kobong. Lemahe marong nyemomong abang mbranang. Howo kiwo tengene Sumini kroso panas. Sak ben tleraman kedipe moto dadi koyok munclak-munclak'e mowo. Ono paribasan, panase srengenge disonggo wong akeh, tapi panase ati disonggo dewe-dewe.

Wes sepuluh tahun suwene Sumini orep bebrayan karo Cak Sriono. Gak ono duso, gak ono perkoro. Pancene atine Sumini kadang rondok tratapan lek nyawang anak wedhok loro karone. Warti seng umur 9 tahun, ambek Saripah seng umur 7 tahun. Warti lan Saripah kaet cilik uripe lewung. Emboh salah opone. Gak dirumat dino becike, ta kurang jangkep uborampene. Kok sampek ngunu kedadeane. Barang wes kadung kate diapakno. Bubur gak bakal balek dadi sego. Kadung lahir rupo menungso mosok kate dibalekno nang guo garbane emakne. Senajan ngunu, atine Sumini jek tumeko. Tegel ngadepine. Dikapakno ae seng jenenge anak iku pancet daging getene wong tuo. Asale kroso enak, moro-moro dadi anak. Onok'e anak iku pancen asale olehe gawe yo enak.

Demit opo seng ngranjingi Sumini. Kok sampek koyok ngene iki kedadeane. Ono rong wulan iki Cak Sriono jarang moleh. Roso tresno lan welas asihe marang anak bojone asat saknaliko. Ora mili maneh teko pupuk punjere dodone Cak Sriono. Opo maneh duwek koyone nyambut gawe malah gak tau mampir ngusapi gembremete telapaan tangane Sumini. Mesti ae nggarakno jatae blonjo koter keteter-teter. Tanggung jawabe Cak Sriono molai luntur. Jawabane jek ono, tapi tanggungane kabur kawusanane. Cak Sriono yo wes gak tau nggatekno. Masio koncone seng jenenge Cak Pi'i gelek nyemoni. Jarene Cak Pi'i, "lek nang Jombang mampiro Sengon/ lemah geneng akeh wedhine/ lek gak sambang kirimo ingon/ lek gak seneng opo mestine."

Mbok menowo mari nglangkai oyote mimang. Pikirane Cak Sriono melang-melung. Sewek kawung bedah pinggire, atine lewung owah pikire. Kahanan iki kepetong sakjeke Cak Sriono riwa-riwi nang Tangkés Kali Bengawan. Tangkés seng sak ben bengi dienggoni gembrumbul poro lonte, senuk, utowo ondolan. Jalaran ondolan, rupane Cak Sriono kesebet bokong semoke. Langganan rutine Cak Sriono seng jenenge Sablah senajan gak ayu tapi luweh semlohe tinimbang Sumini. Mesti ae irunge Cak Sriono seng pancene nyonyo két bujang mekrok maneh. Mblenger disuguhi lodeh, rupane Cak Sriono kepingin ngrasakno liyane. Ono seng rawon, soto, gule, lan kare. "Sri Sri, biyen ketok opo, sak iki ketok opo. Biyen seneng, sak iki ngendeng. Lek niate njajan nang warung, bungkuse buwak'en ae. Ojo digowo moleh. Lek mari mangan ajange balekno," kandane Cak Pi'i.. Mutung cendek alias negesnoe Cak Pi'i nambahi, "Mosok uwong kok ngenteni dikandani, gak iso ngandani awake dewe ta!"

Gak nerimakno digremengi, Cak Sriono mulai mbukak cangkeme, ngobah ilate, "I, P'i, aku nduk omah iku gak tau digatekno. Mangan ta gorong, mole ta gak, pegel ta ora. Kathek bojoku lek tak jaluki, mesti sambatan pegel. Opo maneh rasane seje, turu lek ambek bojo iku rasane koyok ambek dulur dewe." Senajan salah, rupane Cak Sriono tetep nduwe alasan mbelo awake dewe. Sepur ono stasiune, tapi omongane Cak Sriono nyecret koyok maling kuyuan. Luweh mandes maneh nduk pungkasane omongan. Mari ngomongno iku ketoke Cak Sriono lego. Omongane nggenah karo tolah-toleh lan dipungkasi ngguyu njekakak, "Lek ambek Sablah iku I, iso digawe model sembarang kalér. Lek Sumini, gak gelem." Sawangane ndlolat-ndlolet, gak disongko Cak Sriono tibak'e doyan nggawe model. Cak Pi'i godek-godek. Tlapakane nebas dodo. Batine Cak Pi'i, bojo mosok digladrah. Gak wurungo lek bejat yo repot ndandakno. "Kebone tonggo iku mesti ketok luweh mrajak, timbang kebone dewe. Engkok lek wes nduk kebone tonggo, ganti kebone dewe mau seng ketok luweh ijo. Orep iku sawang sinawang. Podo karo klantheng iku, lho. Masio abang, ijo, kuning, rasane podo ae. Seng gulo e akeh bedho legine," jlentreh Cak Pi'i.

Soyo suwe Cak Sriono soyo raket karo Sablah. Pancen tresno nggarakno kelet. Sablah gelek diendang-endeng liwat ngarepe Sumini. Nang endi ae Sablah kecandak kecangkeng. Malah kabare wes rong minggu iki Cak Sriono kawin siri karo Sablah.

            Cak Sriono ngguya-ngguyu, cengengas-cengenges. Gak mek Sablah thok seng ditunggangi, tapi sepeda montore seng anyar yo ditumpak'i. Masalah nyicil kriditan sing ben wulan dipikir mburi. Jare panas-panase srengenge, tapi mbulane luweh panas mergo duwek anakan diterjang ae.

            Asal-usule Cak Sriono cuma langganan biasa munggu e Sablah. Gak bedo langganan liyane. Seng duwike muprul ambek Sablah, digoyang diluk, rontok sak suwal-suwale. Goyangan seng ampang tanpo asmoro. Carane Sablah ngladeni pelanggan nganggo rumus: ono duwek ono rupo. Dikiro lek Cak Sriono duwike gamo, gak rugi lek Sablah sak ben wulan nganyarno jopomontro, supoyo Cak Sriono gak ocol nang wong wedhok liyo. Opo maneh lek mek mbéngungno pikirane Cak Sriono, Sablah karek ngucut kartu lentrek, diumet-umetno, didingkek sak njerone kecuk kenci lan babi.

Sablah kaet cilik uripe soro. Isuk sarapan, gorong mesti sore kemplokan sego. Mulane ora maidho. Sak jege ero rasane golek duwek dadi begenggek, Sablah gak kepalang tanggung. Gemrengseng kebutuhane. Umep munclak-munclak nduk mbun-mbunane. Ilate lemes gae nglumpuhno kolomongso. Lhawong lambe seng nisor ae gak iso njogo, opo maneh lambe seng nduwur. Kecepét nasib beketut tahun ndadekno Sablah gibras-gibras. Ojo sampek orep nduk ndunyo pisan iki, kepinginane gak keturutan. Tonggo iso tuku opo ae, munggu e Sablah kudu iso ngembari. Jalaran soko ngunu iku, Sablah jungkir-walik ngedol awake. Cak Sriono karo poro langganane mesti diperes dompete.

            Roto-roto seng kenal Sablah akeh kepincute. Ngulese omongan alus koyok jolosutro. Sak ben korbane dicekoki ulekan bobok telung perkoro. Sepisan, dukune dimaekno. Kaping pindo lentrek diumetno. Lha terahire, awake yo disingsetno. Sasate sakbendino, Sablah ngracik ramuan terus diulek lembut. Ono seng rupo gambir, suruh bodeh, lan godong luntas, supoyo langanane bah sugih bah mlarat terus awe-awe. Kembang suruh nguwohe keneki mbuh gak ero, seng penting pokok e tuntas. Lha mergo bobok'e Sablah iki, wong koyok Cak Sriono, congkrah rumah tanggane.                  

 

----                         

Sabrank Suparno, penulis cerpen, cerkak, esai, dan puisi. Bergiat pula di Lincak Sastra Dowong. Beralamat di Dusun Dowong. Desa Plosokerep, Kecamatan Sumobito, Kabupaten Jombang. Email; sabrank_bre@yahoo.com

Hp: 081-359-913-627

 

 


 


__._,_.___
Recent Activity:
blog: http://artculture-indonesia.blogspot.com

-----------------------
Art & Culture Indonesia (ACI) peduli pada pengembangan seni budaya Nusantara warisan nenek moyang kita. Warna-warni dan keragaman seni budaya Indonesia adalah anugerah terindah yang kita miliki. Upaya menyeragamkan dan memonopoli kiprah seni budaya Indonesia dalam satu pemahaman harus kita tentang mati-matian hingga titik darah penghabisan.
MARKETPLACE

Stay on top of your group activity without leaving the page you're on - Get the Yahoo! Toolbar now.


Welcome to Mom Connection! Share stories, news and more with moms like you.


Hobbies & Activities Zone: Find others who share your passions! Explore new interests.

.

__,_._,___

No comments:

Post a Comment